PERUTUSAN SANG KRISTUS, PERUTUSAN KITA MARANG TIYANG KESINGKIR

 

(Lukas 1:1-4. 4: 14-21)

 

“Sang Roh Suci dumunung ana ing Aku. Awit Pangéran wis milih Aku supaya ngabaraké. Injilé Allah marang wong miskin. Pangéran ngutus Aku mertakaké pangluwaran marang wong sing dikunjara, lan mulihaké pandelengé para wong wuta; sarta ngluwari wong sing ditindhes, tuwin ngundhangaké bakal tekané jaman keslametan peparingé Pangéran marang umaté.” (Lukas 4:18-19)

 

Para sedherek ingkang kinasih lan katresnan ing sang Kristus…

Waosan dinten punika paring piwucal marang kita sedaya, babagan tugas perutusanipun Gusti Yesus.

Yesus kautus ing donya menika kagem sinten? Yesus mboten ngutamakaken Perutusanipun marang tiyang-tiyang bener,  nanging tiyang-tiyang ingkang malang, mboten saget ngrasakakke rasa tentrem raharja amargi macem-macem  alangan lan sebab-sebab, inggih punika tiyang-tiyang ingkang kasingkir saking masyarakat amargi mboten gadhah kekuatan ekonomi utawi banda donyan, dikunjara,  lan ketindhes. Kagem tiyang-tiyang punika Gusti Yesus martakake “ bakal tekane jaman peparinge Pangeran marang umate.

Punapa ingkang dadosan Gusti Yesus saget martosaken kabar kabingahan lan kabar pangeluwaran tiyang-tiyang? Gusti Yesus ngendika “ Sang Roh Suci ana ing Aku”. Roh Suci punika dados pratadha menawi Gusti Yesus niku utusanne Gusti Allah Pangeran

Rawuhing Gusti Yesus niku dados pratandha Gusti Allah pangeran gadhah niat damel pepulih kahanan ingkang harmoni ing donya punika, mliginipun hubungane manungsa satunggal lan sanesipun. Caranipun Gusti martosaken supados manungsa kabeh negakkake keadilan lan hukum katresnan ing gesang punika.

Lajeng pripun ing gesang kita sedaya sapunika?

Kita sedaya sampun diparingi Gusti Allah Pangeran Roh Suci, ingkang sampun kita tampi wiwit kita dibaptis. Inggih menika rahmat ingkang luar biasa. Tegese, kita punika sampun dipun angkat dados putra-putra Gusti Pangeran kados dene Yesus Kristus. Tegese, kita sedaya kados dene Yesus Kristus, sampun kautus ugi supados kita martosaken kabar kabingahan ing saklumahing donya punika. Roh Kudus tansah dados kekuatan kita nindakkake karsa Dalem ing gesang kita sak dinten-dinten.

Injil punika paring pawulang bilih kita kautus marang Gusti Allah niku boten namung kotbah utawi lan martaake Injil nanging sejatine kudu ditindakkake in gesang kita sak dinten-dinten.

Gusti Pangeran gadhah kekarepan supados kita martosaken kabar kabingahan, mliginipun kanggo tiyang-tiyang ingkang kasingkir ing sak tengahing donya punika.

Lajeng sinten kemawon ingkang kalebet ing golongan tiyang-tiyang kasingkir punika? Inggih punika tiyang-tiyang miskin, dikunjara, lan  ketindhes. Ngabaraké Injilé Allah marang wong miskin tegese kita sedaya kedah ngladosi tiyang-tiyang ingkang mboten raharja. Ing masyarakat kita, taksih kathah tiyang ingkang miskin uripe lan batine. Kita sedaya didawuhi Gusti supados kita tumut Gusti ngabarake kabar kabingahan kanggo tiyang miskin. Kabar kabingahan kanggo wong miskin uripe mboten kudu maringi duwit/yatra utawa banda donyan, nanging tiyang-tiyang menika mbutuhake perhatian, butuh urip/gesang ingkang langkung prayogi lan raharja. Tiyang-tiyang punika butuh ‘diewongke’ boten malah kosoh wangsulane malah disingkiri. Kita kautus supados ngluwarake tiyang-tiyang ingkang kesingkir amargi gadhas dosa, mboten ditampi ing tengah masyarakat. Kita kedah dados tiyang ingkang saget nampi tiyang-tiyang punika lan dados rencang ing setya ngampingi, suupados saget martobat lan tumindak kabecikan.

Kita kautus ugi ngluwarake tiyang-tiyang ingkang ketindhes, lan ngudi kahanan ingkang luwih adil marang tiyang-tiyang punika. Kita kedah wantun nglawan tindakan lan pranata ing masyarakat ingkang namung nguntungake tiyang kuwasa lan gadhah pangkat lan kedudukan.

Para sedherek ingkang kinasih, kita tiyang-tiyang Kristen, sejatosipun murid-murid Yesus Kristus jaman saniki. Mangga sami nglelimbang, punapa kita sampun dados murid2 Yesus Kristus ingkang sejati, nindakkake napa ingkang sampun ditindakaken Gusti Yesus, Guru kita, kautus martosan lan nindakkaken kabar kabingahan menika? Kristus manjalma ing donya punika dados juru wilujeng ingkang ngluwari kita sedaya saking dosa. Roh suci ingkang sampun makarya lumantar sang Kristus, sampun diparengaken marang Greja lan kita sedya ingkang dados anggotane.

Mangga kita sami nglelimbang malih. Punapa gesang lan tindak-tanduk kita sampun piturut karsa dalem Gusti amargi Roh suci sampun kita tampi? Punapa kita sampun temenan ingkang dados utusan ingkang setya?

Mugi Roh Suci tansah ngamping lan maringi kekiyatan saingga kita sedaya saget dados murid-murid Sang Kristus ingkang sejati. Amin.